Kados ingkang sampun kaandharaken ing ngajeng kalawau, menawi Widyaséna, nyawisaken sakpérangan pasinaon antawisipun :

  1. Pasinaon bab aksara Jawa kalebet, bab sujarahipun aksara Jawa, tataran ngélmu filosofi ingkang wonten salebeting kawruh aksara Jawa, bab ngèngingi tata panyeratan aksara Jawa sinartan pasangan, sandhangan lan tanda maosipun, ingkang kalebet ing tata panyeratan aksara Jawa sakdèrèngipun weton Sriwedari, weton Sriwedari, punapadéné KBJ II Malang, lan bab komputerisasi aksara Jawa inggih punika nyerat mawi komputer kanthi ngginakaken font aksara Jawa.